Kamis, 02 September 2010

Ang Ban, Mama Présidén

Dening Mulyanto SWA


Ĕsuk-ésuk Ang Ban wis njagong ning arepan umah, mbari maca Koran, nyeruput kopi, uga béli kétinggalan ududé kayak sépur, ora mandhég-mandhég. Rainé rungséb, kayadené kaboten nahan béban. Kayané mumét, mikiri kondisi negaraé kang ruwéd ngampred, gawé puyéng baé, pérsis kémidi putér jarene, masalaku mutér-mutér baé langka tungtungé. Sing awit masalah politik, rega barang kang tamba mungga, gawé nyekik guluné wong cilik. Pejabaté uga béli karuan, kelakuané mirip jin iprit, béli bisa ditébak kadang baik, kadang médeni.
Kebiasané Ang Ban ari maca Koran, cangkeme beli gelem anteng, ora bisa menéng, pasti dikoméntari. Ceritané, dina kuwen ana kejadian penémbakan téroris, saking degelé rupané, deweké ngomong kénteng.
“Wah, puas. Pada mati kabeh”
“Memang jaman kiyén ku wis édan, uripé kayak ning jéro bui”
Ning lamunané, ngebayang kayadené ana ning tempat sempit, péténg jimet, sumpék, urip ku ora bisa mendi-mendi. Mung bisa nguprék-nguprék sejagat kuwen. Arep mlayu ya angger bisa kecandak. Wong pinter, kepinterané cuman ning jero bae. Bagen gelare doktor, napi otaké bodo bisaé mbobadi rayat cilik. Mampané dadié sombong lan ora bisa ngayomi seduluré.
***
Bosen maca Koran, Ang Ban manjing ning jero umah, péngén ndeleng berita ning telepisi, ninggange awan kuwen, ana berita masih ana wong cilik kang mangan sega aking, padahal letak umahé beli adoh saking pesantren lan umah pejabat terkenal. Gawe miris atiné ang Ban. Bener jaré wong ngomong, wong urip ku masih untung bisa ambekan lan slonjor.
“Ya Allah, wong gede angger baé ora di urus”
Jare wong pinter, negaraku wong miskiné wis berkurang, dibuktikaken karo itung-itungan angka, tapi nyatané angger kuh.
Rong wulan wingi tembébae ana pemilihan wakil rayat lan presiden, janjiné pada sundul langit pitu, ana kang pengén mbela uripé rayat cilik, napi bilih sampun dados ya seneng dewek baé. Penyair Cerbon terkenal arané Kang Alwy ning puisiné ngomong mengkenén;

Sebuntasé pekuwon, umbul-umbulé, spanduké pating kléwér
awit jero kuburan, teka ning gedong pemeréntah diéwér-éwér
endasé katon kaboten pengarep, rupané kudu sering dijéwér
bari manjing-metu umah, aja nemen akéh bobad, akéh pamér
apa maning ngerasa sugih déwék, dadi sinterklas pada sawér
kang penting rayaté, dudu diajari ngamuk bli weru isin maning
uwis pada njagong dadi wong gedé, jengkelitan karo pangling
mataé pilong, kupingé kesumpel bedug lan cangkemé suwing
pada bli rumangsa waktu semana, jejeritan jaluk dipili maning
kabéh diélingaken jambul sampé awaké kang kaya cungkring

(Nguntal Negara, Cerbon, 2009)

Ana benere, ari pejabat ku parek karo rayat yen ana butune bae, bagi-bagi duit tapi embuh duite sing endi. Ngrayu mana mene, mesam-mesem. Sing dadi enek, yen wis dadi kupinge kaya kesumpel bedug, ora gelem ngladeni penjalukane wong cilik. Bagen rayat jejeritan, ora bakal dirongokaken, kang penting deweke uripe wis seneng.
Lagi enak-enake nglamun rabine ang Ban teka sing pasar, nggawa belanjaan akeh pisan.
“Lagi apa ang Ban?”
“Iki wong ayu maca Koran”
“Kayae serius pisan, ana berita apa?”
“Biasa nok, berita negara kang masih di ublek-ublek”
Wis awake sumub, gara-gara kepanasan ning dalan. Ditamba maning ngerongoknang omongane ang Ban, rabine dadi tambah puyeng lan keblinger bae.
“Ang Ban iku, angger bae”
Mbari gawa belanjaane sing akeh mau, deweke langsung manjing ning pawon, arep lekas masak. Soale besuke wis manjing puasa dadi kudu siap-siap dikit. Tembe arep tangi nyusul rabie, bature ang Ban kang dadi pejabat teka, dolan ning umah.
“Punten, lah ana ning umah ang?”
“Iya, priben kabare pejabat?tumben dolan ning umah”
Biasane ari ana pejabat dolan, pasti njaluk tulung. Bagen deweke cuman rayat biasa, nanging digjayane kaya presiden, ana bae kang bisa dadi nasehate. Bature ang Ban wis ndodok ning irengane.
“Priben, tumben isuk-isuk?”
“Dolan bae ang, biasa kangen ning sampean”
Karena wis kaya sedulur dewek, wong loro ngobrol ngalor ngidul beli karuan. Kedelenge serius pisan. Rupa-rupane ngobrol nang negara karo berita ning Koran kang lagi rame. Temu-temu bature nyletuk, priben lamun ang Ban bae dadi presiden. Mbari nyengir ang ban ngomong mengkenen.
“Wong edan, yen dadi presiden ku kudu bisa joget poco-poco lan yoyo”.
Bature keder maksude apa, ana bae plesetane ka. Ternyata maksud omongane mau, yen dadi Presiden water maju mundur, tarik-ulur mengko gawe keder rayat bae, ngomonge yumen eror. Wis dasar Presiden cangkeme lamis ora bisa dipercaya mimpin negara. Mengko bisa-bisa urip rayate sengsara kaya dene negeri tetangga.
“Kan negara kita wis sugi ang Ban, beli usah pusing”
Ditakoni mengkonon, deweke njelasaken dawa pisan. Negara akeh pabrik gede, alas akeh ditebangi, gawe banjir bae. Durung maning lemah longsor. Isi sejerone bumi dikuras, rayate cuman kebagian kebul lan awune bae. Priben bisa neyenengaken rayat. Wong pejabate nakal. Yen ana sing protes, gage-gage cangkeme disumpel karo duit segepok, wis langsung meneng. Obrolan kang semono seriuse, nuli mandeg. Adem ayem langka suara. Loroane melongo, kayadene lagi mikiri apa. Bature ang Ban ngomong mengkenen sambil guyonan.
“Dadi priben ang?”
“Sekiyen, negara ku kudu duwe telik sandi, mbari pejabate aja korupsi bae”
Sejeroning jawaban mau, ana maksud kang tersirat. Jarene wong tua, ari wong kang wis sukses atawane pejabat gede iku kudu sering diawasi. Aja sampe cuman bisa ngancik-ngancik ning duwure kursi, ora peduli urusan ning jabah, yen metu cuman cengar-cengir bae, srantal-sruntul kaya manuk kuntul. Dadi presiden iku beli gampang, beli cukup cuman disawang.
“Yawis ang, sukiki ana seminar. Sampeyan ngomong ya”
“Gampang kita mengko maca puisi lah”
“Siap bos”
Jarene, acara kuwen ku sing teka pejabat-pejabat kabeh. Kebeneran pisan, dadi bisa bisiki kupinge pejabat kang wis kesumpel bedug. Sapa weru bisa insaf, bokat bae dirungu.
***
Teka wayae acara, ang Ban wis siap. Deweke gawa puisi karyane kang Alwy. Judule Mama Presiden. Pikire sedurunge dadi presiden beneran ya dadi presiden lamunan bae dikit. Mumpung masih bisa gemerot ning pejabat kang budeg. Giliran deweke maca, nuli maju ning arep. Isine mengkenen.

Bengi wingi kang wulané keluron lan ketuwon
lintangé kelap-kelip kaya maburé sewiwi laron
anginé semerebet nggawa sungkerah industri
awit semerésété batin teka ning nelangsaé ati
dedalan urip kari seglemek, kabéh gawé enek
ékonomié angger nyesek, politiké kapiselek
: cerawélan, ngawé-ngawé pépésan kopong!

Udané bli mari-mari, ngericik kaya banyumata
glédégé jemedér, banjir bandangé tolian teka
sawahé kelem, awit Sabang sampé Merauké
bumié wis kesuwén diramped ning kebo bulé
segaraé, wis ledis dikuras ning wéwégombél
kabéh ijo ning pangkaté kang pating trémbél
: ngécé, mentang-mentang pinter sulapan!

Kita kerungu, elité dolanan catur karo yoyo
rayaté puyeng-mblenger njogéd poco-poco
kang séjéné merupus delawéran ngacapara
tingéling, sulaya karo rayat kang kelara-lara
diadusi endut panas kang mambué baleng
juragané sanggauwang kaya kamitenggeng
: celetuké, jaré yumen éror. Dasar ndeluya!

Negara kita kang wulan-lintangé geseng-rumpeng
rayat angob baé, ndelopong, puyeng lan kebebeng
ning esoré gerumbul wit beringin tuwa kang doyong
ning jeroé bola dunya kang ruwed pada sampyong
ning punuké sapi lanang kang kepencok meringis
punten, penyair sing pesisir Cerbon emong lamis
: Mama Présidén kang kaya Arjuna ireng, peace…

(Mama Présidén, Cerbon, 2008-2009)

Semono uga, cuman unek-uneke lare negeri. Ingkang priatin ndeleng negaraé tamba ruwed beli karuan. Mugi-mugi jeritane penyair cerbon mau dirungu ding presiden lan anggota dewan sing anyar. Semenjak kuwen ang Ban dijuluki mama presiden***

Cirebon, Agustus 2009


Cerpenis yaniku Pegiat Lingkar Studi Sastra (LSS) Dewan Kesenian Cirebon